Lirik Lagu Ucup Klaten - LAMBENE TONGGO Grenenganmu Semangatku

Lirik lagu Grenenganmu Semangatku berikut kutipan liriknya, Grenenganmu Semangatku

Lagu berjudul Grenenganmu Semangatku lagu ini bisa kamu unduh langsung di website resmi seperti Spotify, Amazon Music, iTunes dan media pembelian online musik lainnya, karna ini kami tidak memberikan media tautan untuk mengunduh lagu tersebut.  Blog kami hanya menuliskan liriknya saja.

Lirik🎵🎵🎵

Neng ngarepku kowe apik tenan

Neng mburiku kowe rasan rasan

Yen ketemu podo guya guyu

Neng mburiku lambemu mecucu


Tonggo lambene tonggo

Tutupen kupingmu sumpelono tahu


Jare aku liwat ra tau luruh luruh

Padahal tak tlakson etok etok ora weruh

Nek Ra diluruhi mbengok Karo misuh misuh

Yowes ngono kui cangkeme tonggo cen rusuh 


Elingo Kowe mbiyen kesandung aku sek nulung 

Memeanmu kodanan aku Yo sek mulung

Diteri wewehan wes ditompo jare durung

Lung tulung ditulung lha kok kowe malah menthung


Mereka bilang pemalas yen uripmu kere

Mereka bilang cah sombong yen kowe uwis sukses

Mereka bilang cah royal yen kowe uwes bangkrut

Urip pancen ngono terus, wong ra seneng rasah diurus


Tonggo lambene tonggo

Rasan rasanmu kui semangatku


Iki lho sekjenenge urip legi pait

Mergo duit okeh uwong sek do sengit

Kojah rono kojah rene jare aku medit 

Padahal aku Iki blas Ra nyekel duit


Glidik Rono Rene dikiro cah dolan 

Padahal aku Iki kerja golek pangan

Nguripi simbok,adek kakak, karo ponakan 

Walah Yung lha mbok kira aku ki jaran 


Mereka bilang pemalas yen uripmu kere

Mereka bilang cah sombong yen kowe uwis sukses

Mereka bilang cah royal yen kowe uwes bangkrut

Urip pancen ngono terus, wong ra seneng rasah diurus


Tonggo lambene tonggo

Tutupen kupingmu sumpelono tahu

Tonggo lambene tonggo

Rasan rasanmu kui semangatku